Basa Cebuano - Wikipédia
Menyang kontèn
Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Cebuano
Sugbuanon
Bisayâ
Bisayâng Sugbuanon
Sinugbuanong Binisayâ
Sinibwano
Dituturaké ing
Filipina
Wilayah
Visayas Tengah
, wétan
Pulo Negros
, kulon
Visayas Wétan
, kidul
Masbate
, lan mayoritas
Mindanao
Gunggung panutur
21,1 yuta
Rumpun basa
bahasa manusia
(id)
Austro-Tai
(id)
Basa Austronésia
Rumpun basa Melayu-Polinesia
Kulawarga basa Pilipina
Rumpun bahasa Filipina Tengah Raya
(id)
Filipina Tengah
(id)
Bisayak
(id)
Cebuano
Sistem tulisan
Aksara Latin
Alpabèt Cebuano
Braille Cebuano
Baybayin
(biyèné)
Status resmi
Basa resmi ing
Basa enggon-enggonan
ing Filipina
Regulated by
Akadhemi Seni lan Sastra Visaya
Kodhe basa
ISO 639-1
None
ISO 639-2
ceb
ISO 639-3
ceb
Laladan panyatur basa Cebuano ing Filipina
Basa Cebuano
, kang asring kurang trep diarani déning panyaturé dhéwé minangka
basa Bisaya
("
Visaya
"; aja kuwalik karo basa-basa Visaya), iku salah sawijiné basa Austronésia enggon-enggonan kang dipituturaké ing nagara
Filipina
déning kira-kira wong 20 yuta. Panyaturé akèh-akèhé saka wong
Visaya Cebuano
Basa iki kang akèh dhéwé panyaturé sajeroné
kulawarga basa Visaya
lan seduluran karo basa-basa Filipina liyané.
Sanajan ora diajaraké ing sekolah lan universitas nganti taun 2012, basa iki tetep dadi basa kang akèh dhéwé panyatur asliné ing Filipina.
Basa Cebuano minangka
basantara
ing Visaya Tengah, wétan Pulo Negros (mligi
Negros Oriental
), kulon
Visaya Wétan
, lan manéka laladan ing
Mindanao
. Jeneng Cebuano dhéwé dijupuk saka jeneng Pulo
Cebu
, kang dadi asal mulané basa iki.
Basa Cebuano uga dadi basa pokok ing Leyte Kulon, mligi kutha
Ormoc
lan tlatah-tlatah saubengé, sanajan dijenengaké basa "Ormocanon" ing Ormoc lan basa "Albuerahanon" ing
Albuera
Kodhe basa Cebuano iku
ISO 639-2
kang nganggo telung huruf
ceb
, nanging dudu
ISO 639-1
kang nganggo rong huruf.
Sebarané panyatur
besut
besut sumber
Basa Cebuano dipituturaké ing pulo-pulo kaya ta
Cebu
lan pulo saubengé,
Bohol
lan
Siquijor
, wétan
Negros
(mligi saindengé
Negros Oriental
lan lor-wétan
Negros Occidental
), kidul
Masbate
, kulon
Leyte
Biliran
, sapérangan cilik
Samar
, lan manéka laladan ing
Mindanao
, pulo gedhé dhéwé nomer loro safilipina.
Saliyané iku, "kang dedunung ing
Zamboanga
Davao
, lan
Cotabato
uga panyatur basa Cebuano".
Sawenèh dhialèk Cebuano duwé jeneng kang rena-rena kanggo basa iki. Panyatur saka Cebu ngarani basané "Cebuano", panyatur saka Bohol ngarani "Boholano/Bol-anon", déné panyatur saka Leyte ngarani
Kana
(Cebuano Leyte utawa Leyteño). Panyatur ing
Mindanao
lan
Luzon
ngarani basané sadarma
Binisaya
utawa
Bisaya
Rujukan
besut
besut sumber
Lewis, M. Paul (2009).
"Cebuano"
. Ethnologue
. Dibukak ing
July 23,
2011
Ulrich Ammon; Norbert Dittmar; Klaus J. Mattheier (2006).
Sociolinguistics: an international handbook of the science of language and society
. Vol.
Volume 3. Walter de Gruyter. kc.
2018.
ISBN
978-3-11-018418-1
{{
cite book
}}
volume=
has extra text (
pitulung
"THE CORNELL UNIVERSITY SOUTHEAST ASIA PROGRAM"
(PDF)
Gutenberg.ph
. Diarsip saka
sing asli
(PDF)
ing 2018-09-30
. Dibukak ing
2017-05-07
Wolff, John U.
"Cebuano in Facts About the World's Languages: An Encyclopedia of the World's Major Languages, Past and Present (New York: H. W. Wilson, 2001)"
(PDF)
John Kingsley Pangan,
Church of the Far East
(Makati: St. Pauls), 19.
Dijupuk saka "
Kategori
Halaman dengan label Wikidata belum diterjemahkan
Infobox mapframe without OSM relation ID on Wikidata
Halaman yang menggunakan ekstensi Kartographer
Kategori ndhelik:
CS1 errors: extra text: volume
CS1: long volume value
Artikel Wiki Mrebawani II kalamangsa 1
Basa Cebuano
Tambah rembug
US