Basa Tagalog - Wikipédia
Menyang kontèn
Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tagalog
Wikang Tagalog
Pronunciation
[tɐˈɡaːloɡ]
Dituturaké ing
Filipina
Wilayah
Luzon Tengah
lan
Tagalog Kidul
Luzon
Gunggung panutur
280 yuta
Rumpun basa
bahasa manusia
(id)
Austro-Tai
(id)
Basa Austronésia
Rumpun basa Melayu-Polinesia
Kulawarga basa Pilipina
Rumpun bahasa Filipina Tengah Raya
(id)
Filipina Tengah
(id)
Tagalogic
(en)
Tagalog
Sistem tulisan
Aksara Latin
Tagalog
Alfabèt Filipino
),
Braille Filipina
Biyèn
Baybayin
Status resmi
Basa resmi ing
Basa enggon-enggonan
lan
basa resmi
ing Filipina (awujud
basa Filipino
Regulated by
Komisyon sa Wikang Filipino
Kodhe basa
ISO 639-1
tl
ISO 639-2
tgl
ISO 639-3
fil
[[
Basa Filipino
]]
Tlatahé panyatur basa Tagalog ing Filipina. Skéma warna iki nuduhaké 4 wewengkon dhialèk basa Tagalog: Dhialèk Lor, Tengah, Kidul, lan
Marinduque
. Mayoritas kang ndunungi provinsi
Camarines Norte
lan
Camarines Sur
mituturaké
basa Bikol
minangka basa ibuné, nanging ana uga minoritas wong ing provinsi iku kang nyaturaké basa Tagalog. Saliyané iku, basa Tagalog uga dicaturaké minangka basa kapindho ing saindhengé Filipina.
Basa Tagalog
Pangucapan cara Tagalog:
[tɐˈɡaːloɡ]
) iku salah sijiné
basa Austronésia
kang dadi basa ibuné saprapat kang andunungi
Filipina
lan dadi basa kapindho akeh-akehan warga Filipina liyané. Basa bakuné diarani
Filipino
, kang dadi
basa jawatkara
ing Filipina babarengan karo Inggris.
Basa Tagalog isih saduluran karo
basa-basa Filipina
liyané kaya ta basa Bikol,
Ilokano
, basa-basa Visayas,
Kapampangan
, lan basa Pangasinan, uga seduluran adoh karo basa-basa Austronésià liyané kaya ta basa-basa Formosa ing
Taiwan
Malayu
(basa Malaysia &
Indonésia
),
Hawai'i
, Maori, lan Malagasi.
Sajarah
besut
besut sumber
Tembung
Tagalog
asalé saka éndhonim
taga-log
("kang ndunungi pinggir kali"), kang uwodé saka
tagá-
("saka") lan
ilog
("kali"). Juru basawidya kaya Dr. David Zorc lan Dr.
Robert Blust
ngira-ira yèn pamocap basa Tagalog lan basa-basa Filipina Tengah mula bukané saka
Mindanao
wétan-lor utawa
Visayas
wétan.
Cathetan kapisan abasa Tagalog iku Prasasti Laguna, saka taun 900 Masèhi kang isiné fragmèn
abasa Sangsekerta
Malayu Kuna
Jawa
, lan
Tagalog Kuna
. Éwa samono, buku pepak pisanan kang ditulis nganggo basa Tagalog ya iku
Doctrina Christiana
(Ajaran Agama Kristen), dicithak taun 1593. Buku iku ditulis nganggo basa Spanyol lan sulih basa Tagalog warna loro; kang siji nganggo aksara kuna
Baybayin
lan liyané nganggo
askara Latin
kanthi pangeja wiwitan gagrag Spanyol.
Aksara Tagalog
Baybayin
Sajeroning 333 taun paprentahan kolonial Spanyol, manéka paramasastra lan bausastra ditulis déning para pandhita Spanyol, kaya ta
Vocabulario de la Lengua Tagala
déning Pedro de San Buenaventura (Pila, Laguna, 1613),
Vocabulario de la lengua tagala
déning wong Céko
Paul Klein
(wiwitan abad ke-18),
Vocabulario de la lengua tagala
(1835), lan
Arte de la lengua tagala y manual tagalog para la administración de los Santos Sacramentos
(1850) saliyané kajian-kajian wiwitan
prakara basa iki; nanging pujangga kang wong wiwitan kaya déné
Francisco Baltazar
(1788–1862) dianggep panulis Tagalog pisanan. Karyané kang paling misuwur ing wiwitan abad angka 19 ya iku wiracarita
Florante at Laura
Robahan sujarah
besut
besut sumber
Basa Tagalog séjé saka basa-basa Filipina Tengah liyané ing babagan uni
pepet

kang kas kulawarga basa Proto-Filipina. Ing basa Bikol lan Visaya, uni iki luluh karo
/u/
lan
[o]
. Éwadéné, ing basa Tagalog uni pepet luluh karo uni
/i/
. Contoné ing basa Proto-Filipina, tembung
*dəkət
(dhengket, mèlu) dadi
dikít
ing basa Tagalog lan dadi
dukot
ing basa Visaya & Bikol.
Uni
*r
*j
, lan
*z
ing basa Proto Filipina luluh karo uni
/d/
nanging dadi uni
/l/
ing antarané uni swara. Contoné, tembung Proto-Filipina
*ŋajan
(jeneng, aran) lan
*hajək
(ambung) ing basa Tagalog dadi
ngalan
lan
halík
Éwadéné, uni
*R
luluh karo
/ɡ/
. Contoné,
*tubiR
(banyu) lan
*zuRuʔ
(getih) dadi
tubig
lan
dugô
ing basa Tagalog.
Kalungguhan jawatkara
besut
besut sumber
Bausastra pepak Tagalog kang pisanan ditulis déning misionaris
Yésuit
Céko aran
Pablo Clain
ing wiwitan abad angka 18. Clain ngendikan cara Tagalog lan bisa nulis kanthi lanyah lumantar pirang-pirang bukuné. Dhèwèké pangripta bausastrané kang pisanan, kang banjur dipasrahaké marang Francisco Jansens lan José Hernandez.
Impunan karya iku banjur disusun déning P. Juan de Noceda lan P. Pedro de Sanlucar kang dicap lan dibabar kanthi sesirah
Vocabulario de la Lengua Tagala
ing Manila taun 1754 lan bola-bali dibesut
tumeka édhisi anyar taun 2013 ing Manila.
Basa Tagalog diangkat dadi basa resmi lumantar paugeran kapisan Filipina, Paugeran Biak-na-Bato, nalika taun 1897.
Nalika taun 1935, paugeran Filipina nata yèn basa Inggris lan Spanyol dadi basa jawatkarané, nanging amréntahaké murih rembakané lan lestariné basa nasional kang dhedhasar basa asli kang ana.
Sawisé dititi lan dirembug, wusana Institut Basa Nasional, kumité kang anggotané pitu lan makili wewengkon-wewengkon ing Filipina, milih basa Tagalog dadi dhasaré basa nasionalé Filipina.
10
11
Présidhèn Manuel L. Quezon nalika tanggal 30 Dhésèmber 1937 mbiwarakaké pamilihé basa Tagalog minangka dhasaré basa kabangsan Filipina.
10
Rong taun sabubaré, ya iku ing taun1939, Présidhèn Quezon ngganti jeneng basa nasional kang adhahasar basa Tagalog iku dadi
wikang pambansâ
(nagarabasa).
11
Banjur ing taun 1959, basa iki dijenengaké manèh dadi "Pilipino".
11
Paugeran taun 1973 ngesahaké basa "Pilipino", sarta basa Inggris, dadi basa resmi lan wusana dikepyakaké kanthi jeneng Filipino.
12
Paugeran taun 1987 nandhesaké yèn basa Filipino minangka nagarabasa kang kudu dikembangaké sarana basa-basa Filipina utawa basa-basa liyané kang ana.
13
14
Pasal XIV, Bab 7 ing Paugeran Filipina taun 1987 mratélakaké:
Kanthi minangkani kukum lan tumungkul marang Konggrès, Pamaréntah kudu tumindak miwiti lan ngreksa panganggoné basa Filipino minangka sarana sesambungan resmi lan minangka basa panuntun ing tata wiyata.
13
Basa enggon-enggonan iku basa resmi pambiyantu ing tlatah enggon-enggonan lan mula kudu minangka sarana panuntun pambiyantu.
13
Ing taun 2009, Dhépartemèn Pandhidhikan Filipina ngideraké surat paréntah saperlu yasa tata wiyata multibasa kang dhedhasar basa ibu. Tegesé, basa panuntun ing pamulangan mligi nganggo basa ibuné para murid tumeka saorané klas telu, déné basa liyané kaya ta Filipino lan Inggris diwanuhaké minangka mata wulangan kapisah sabubaré klas loro. Ing pamulangan madya, basa Filipino lan Inggris dadi basa panuntun pokok, déné basa wiwitané para murid minangka basa pambiyantu.
15
Basa Tagalog iku basa asliné seprapat wong
Filipina
déné basa kapindhoné mayoritasé.
16
Pimbagi
besut
besut sumber
Basa Tagalog salah sawijining basa
Filipina Tengah
ing kulawarga basa
Austronésia
. Amarga sakulawarga karo Malayu-Polinésia, basa Tagalog isih ana gagayutané karo basa-basa Austronésia liyané, kaya ta
basa Malagasi
Jawa
Malayu
Malaysia
Indonésia
),
Tetum
(Timor), lan
Yami
(Taiwan).
17
Saliyané iku uga ana sambung rapeté karo basa-basa ing
Bikol
lan Kapuloan
Visayas
, kaya ta basa-basa Bikol lan basa-basa Visayas, kalebu basa Hiligaynon lan
Cebuano
17
Carabasa
besut
besut sumber
Durung tau ana parititi (Ind: penelitian)
dhialèktologi
kang paripepak (Ind: komprehènsif) kang tau diayahi ing laladané panyatur basa Tagalog, sanajan ana pratelané kang awujud bausastra lan paramasastra warna-warna carabasa Tagalog.
Ethnologue
nyathet yèn ana dhialèk Lubang, Manila, Marinduque, Bataan, Batangas, Bulacan, Tanay-Paete (Rizal-Laguna), lan Tayabas. Warna-warna carabasané, umligi ana patang carabasa kang pokok ya iku: carabasa Lor (tuladhané carabasa
Bulacan
), Tengah (tuladhané carabasa Manila), Kidul (tuladhané carabasa
Batangas
), lan
Marinduque
Perbandhingan antarane basa Jawa lan basa Tagalog
besut
besut sumber
Basa Tagalog (TL)
Basa Jawa (JV)
Cathetan
isa
siji
dalawa
loro
tatlo
telu
apat
papat
lima
lima
anim
enem
pito
pitu
walo
wolu
siyam
sanga
sampu
sepuluh
daan
dalan
libo
èwu
taon
taun
lindol
lindhu
baha
banjir
ulan
udan
langit
langit
mata
mata
dila
ilat
labi
lambe
ilong
irung
tainga
talingan (Krama Inggil)
buntot
buntut
ugat
urat
atay
ati
daliri
driji
kuko
kuku
luha
luh
ama
rama (Krama)
pulo
pulo
kaliwa
kiwa
kanan
tengen
gitna
tengah
kanluran
kulon
hangin
angin
abo
awu
gawa
gawé
harap
ngarep
pangarap
(tegesé:
impen
pangarep-arep
(TL) [< arap]
tulog
turu
ako
aku
ko
-ku
ikaw
kowé
mo
-mu
puti
putih
itim
ireng
wala
ora
pili
pilih
dating
dhateng (Krama)
bukas
bukak
bayad
bayar
utang
utang
katumbas
(tegesé:
ekuivalen
tumbas (Krama)
(TL) [< tumbas]
katulad
(tegesé:
mirip
tuladha
(TL) [< tulad]
kain
mangan
pagkain
panganan
antok
antuk
matay
mati
bato
watu
bituin
lintang
buwan
rembulan, wulan
(ma-)bigat
abot
(ma-)tigas
atos
timbang
(tegesé:
bobot
timbang
tinimbang
(tegesé:
ditimbang
tinimbang
(pa-)lagi
(tegesé:
tansah
lagi
bahagi
bagéan
(JV) [< bagi]
isda
iwak
lisa
lingsa
manok
(tegesé:
pitik
manuk
kuting
(tegesé:
kucing cilik
kucing
balay
(tegesé:
omah
balé
kaibigan
kanca
(TL) [< ibig]
kailangan
(tegesé:
butuh
kélangan
(TL & JV) [< ilang]
(pa-)ngalan
aran
turo
(tegesé:
ajar
tuduh
langoy
langi
ulam
(tegesé:
lawuh
ulam (Krama)
bigas
beras (Ngoko), wos (Krama)
palay
pari
kahoy
kayu
dahon
godhong (Ngoko), ron (Krama)
langka
nangka
linga
(tegesé:
wijèn
lenga
Rujukan
besut
besut sumber
Zorc, David. 1977. "The Bisayan Dialects of the Philippines: Subgrouping and Reconstruction".
Pacific Linguistics
C.44. Canberra: The Australian National University
Blust, Robert. 1991. "The Greater Central Philippines hypothesis".
Oceanic Linguistics
30:73–129
Spieker-Salazar, Marlies (1992).
"A contribution to Asian Historiography: European studies of Philippines languages from the 17th to the 20th century"
Archipel
44
(1): 183–202.
doi
10.3406/arch.1992.2861
Cruz, H. (1906).
Kun sino ang kumathâ ng̃ "Florante": kasaysayan ng̃ búhay ni Francisco Baltazar at pag-uulat ana ing kanyang karunung̃a't kadakilaan
. Libr. "Manila Filatélico,"
. Dibukak ing
January 8,
2017
Juan José de Noceda, Pedro de Sanlucar, Vocabulario de la Lengua Tagala, Manila 2013, pg iv, Komision sa Wikang Filipino
Vocabulario de la Lengua Tagala, Manila 1860
ing
Google Books
Juan José de Noceda, Pedro de Sanlucar, Vocabulario de la lengua tagala, Manila 2013, Komision sa Wikang Filipino.
1897 Constitution of Biak-na-Bato, Article VIII
, Filipiniana.net
, dibukak ing
2008-01-16
1935 Philippine Constitution, Article XIV, Section 3
, Chanrobles Law Library
, dibukak ing
2007-12-20
Manuel L. Quezon III,
Quezon’s speech proclaiming Tagalog the basis of the National Language
(PDF)
, quezon.ph
, dibukak ing
2010-03-26
Andrew Gonzalez (1998),
"The Language Planning Situation in the Philippines"
(PDF)
Journal of Multilingual and Multicultural Development
19
(5, 6): 487–488,
doi
10.1080/01434639808666365
, diarsip saka
sing asli
(PDF)
ing 2007-06-16
, dibukak ing
2007-03-24
1973 Philippine Constitution, Article XV, Sections 2–3
, Chanrobles Law Library
, dibukak ing
2007-12-20
1987 Philippine Constitution, Article XIV, Sections 6–9
, Chanrobles Law Library
, dibukak ing
2007-12-20
Gonzales, A. (1998). Language planning situation in the Philippines.
Journal of Multilingual and Multicultural Development 19
(5), 487-525.
Order No. 74 (2009)
. Department of Education.
Philippine Census, 2000. Table 11. Household Population by Ethnicity, Sex and Region: 2000
Lewis, M.P., Simons, G.F., & Fennig, C.D. (2014). Tagalog.
Ethnologue: Languages of the
World.
Retrieved from
Dijupuk saka "
Kategori
Halaman dengan label Wikidata belum diterjemahkan
Kategori ndhelik:
Artikel Wiki Mrebawani II kalamangsa 1
Basa Tagalog
Tambah rembug