Linux - Wikipédia
Menyang kontèn
Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Linux
Tux
penguin
maskot
Linux
Kulawarga OS
Tipe Unix
Katrangan kahanan
Aktif
Kernel
type
Monolitik
License
GNU General Public License
lan liyané
Linux
utawa
GNU/Linux
iku
sistem operasi
kang gratis lan dipandhegani déning
Linus Torvalds
. Linux kaanggit saka
Minix
kang isih sabangsa karo
Unix
Linux dadi kembang lambé ing jagad
komputer
amarga nganggo
Sistem Tinarbuka
lan ora mbayar. Sistem iki dikembangaké déning wong-wong kang sengkut ing ndonyaning komputer. Linux bisa digunakaké ing akèh prangkat atos (
hardware
), wiwit saka komputer kanthi basis 0386 nganti uba rampé èlèktronik cilik kaya déné
Personal Digital Assistant
(PDA).
Linux dhéwé lumaku ing
kernel
kang dadi intiné prosès komputer. Ana akèh pamakètan program ing Linux. Perkara ini njalari akèh banget distribusi Linux (distro).
Sajarah
besut
besut sumber
Kernel Linux, pisanané ditulis déning mahasiswa Finlan,
Linus Torvals
, saka
Helsinki
. Dhèwèké kepéngin gawé kernel Minix kang bisa gampang diothak-athik. Minix iku proyèk pangajaran kang kaya sistem UNIX kang gratis. Vèrsi 0.01 diluncurké ing
internèt
nalika September 1991 ing sawijining milis.
Dolanané Torvalds iki banjur éntuk kawigatèn saka sukarélawan ing donya. Metuné Linux kagandhèng karo semangat sistem tinarbuka
GNU Project
kang digawa
Richard M. Stalman
Tux, sawijining
Penguin
, dadi logo lan maskot Linux. Linux banjur tinulis dadi merek dhagang kang diduwèni Torvalds (SN: 1916230), kang diupakara déning Linux Mark Institute.
Distribusi
besut
besut sumber
Distribusi Linux utawa
distro
iku sistem pamakètan program-program kang lumaku ing Linux. Manéka warna distro iki digawé diselarasaké karo ancasané kaperluané. Sawetara distro kaya
Debian
Red Hat
, lan
SUSE
dadi populèr amarga gampang dienggo. Déné Distro kang tuwa dhéwé dhéwé ya iku
Slackware
. Salah sijiné distro kang dirumat déning wong
Indonésia
ya iku
BlankOn
Sawetara distro Linux kang ana:
turunane
Debian
BlankOn
Knoppix
Damn Small Linux
Linspire
Kali Linux
Ubuntu
Kubuntu
Lubuntu
Xubuntu
turunane Fedora
CentOS
Mandriva
Red Hat
Scientific Linux
turunane Arch Linux
ArchBang
Artix Linux
Manjaro
Slackware
Salix OS
simpleLinux
Uga delengen
besut
besut sumber
Komputer
Linus Torvalds
Sistem Operasi
Distribusi Linux
Pranala njaba
besut
besut sumber
Linux Wiki
Archived
2004-04-02 at the
Wayback Machine
Situs resmi Linux
Dijupuk saka "
Kategori
Linux
Distribusi Linux
Komputer
Kategori ndhelik:
Pranala wayback cithakan webarchive
Linux
Tambah rembug
US