Wikipédia:Pancapilar - Wikipédia
Menyang kontèn
Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kaca puniki arupi
kawicaksanan resmi
ing
Wikipedia
basa Jawi
Isinipun sampun katampi déning para naragina lan dipunanggep dados standar ingkang kedah dipunturuti déning sedaya naragina.
Sedaya
kawicaksanan lan paugeran
Wikipédia saged dipunringkes dados
pancapilar
utawi
gangsal cagak
ingkang dumados watekipun Wikipédia:
Wikipedia
punika satunggaling
ènsiklopédhi
Wikipedia punika satunggaling ènsiklopédhi ingkang ngombinasèkaken unsur-unsur saking ènsiklopédhi umum, ènsiklopédhi kusus, lan
almanak
(cathetan babad sajarah) ing satunggal wadhah.
Sedaya artikel kedah tundhuk ing kawicaksanan
sanès riset asli
lan kedah saèstu dipunusahakaken
kaleresanipun
Wikipedia sanès papan kanggé urun rembug gagasan, pengalaman, utawi argumèn pribadi. Langkung tebih malih,
Wikipedia sanès
papan kanggé ndèkèk informasi sembarangan.
Wikipedia sanès papan kanggé kolèksi
pernyataan
"panjenengan pirsa?"(
trivia
), panggung politik,
promosi pribadi
, papan pracoban
anarki
utawi
dhémokrasi
, utawi satunggaling buku petunjuk
situs
web
).
Wikipedia uga sanès papan kanggé ndèkèk sumbangsih awujud èntri bausastra (kamus), koran, utawi kolèksi naskah sumber. Jenis isi kados mekaten saged dipundèkèk ing proyèk wiki sanèsipun,
Wiktionary
Wikinews
, lan
Wikisource
Wikipedia gadhah cara ningali nétral
Tegesipun kita sedaya ngusahakaken supados sedaya artikel mboten "bot-sih" (tembung bot-sih asring kagunakaken kanggé tiyang Jawa ingkang karingkes saking "abot sisih" utawi "awrat sisih") kanthi ngrungkebi sedaya pamawas kanthi adil. Nyerat satunggaling artikel ingkang adil punika seni kang perlu kalatih. Para panyumbang ingkang sampun nguwasani “seni” puniki kaajab supados mbiyantu ngembangaken Wikipedia:Tutorial NPOV.
Ing panyeratan/panulisan artikel ing Wikipédia, mboten wonten cara tingal ingkang punapa kémawon ingkang saged dipun-anggep kanthi satunggaling "pandhengan ingkang leres" utawi "pandhengan paling saé", puniki tegesipun panjenengan kados nyerat saben sumber ingkang saged dipun-vérifikasi, utawi informasi
ingkang sampun katerbitaken
déning
satunggaling sumber ingkang mawenang
, kususipun kanggé
topik-topik ingkang kontrovèrsial
Menawi satunggaling konflik muncul vèrsi pundi ingkang nétral piyambak, mangga dipun-umumaken satunggaling wanci "pangademan" lan dipun-sukani satunggaling tandha (
tag
) ing artikel punika menawi artikel kasebut punika taksih dados pasulayan; bahas pratélanipun satunggal-satunggal ing
kaca dhiskusinipun
lan mangga tumut pados
solusinipun
Wikipedia gadhah isi bebas
Saben tiyang saged nyunting ing Wikipedia.
Sedaya tèks kasedyakaken saandhaping GNU Idin Dhokumèntasi Bébas (
GNU Free Documentation License (GFDL)
) wonten pundi sedaya tiyang saged nyebaraken saha nggandhèngaken pranalanipun mawa paugeran samesthinipun.
Cobi dipunsadari menawi
saben artikel saged dipunowahi sinten kémawon
lan mboten wonten kontrol individu ing sadhuwuring sawijining artikel tartamtu; mila déné, saben seratan ingkang panjenengan sumbangaken saged dipunsunting sinten kémawon tanpa ampun lan saged dipunsebaraken miturut kabutuhaning déning komunitas.
Sampun nyumbang karya ingkang
nglanggar hak cipta
utawi karya ingkang gadhah lisènsi ingkang mboten kompatibel mawi
GFDL
Wikipedia gadhah paugeran tata krami
Saénipun naragina Wikipedia sanèsipun dipun-mulèni, senadyan panjenengan mboten sarujuk. Temtu para naragina kedah tumindhak
sopan
Sampun
nyerang pribadi
utawi nyebaraken panggalih pribadi.
Tetepa
sabar
senadyan swasana panyuntingan dados bentèr. Sampun ngantos dados wonten
perang suntingan
mawa numutaken
aturan pawangsulan kaping tiga
. Mangga dipun-pèngeti, sampun wonten
75.161
artikel ing Wikipédia basa Jawi kanggé dipunpriksa, dipunsunting, lan dipun-diskusèkaken.
Mangga tumindhak jujur, lan cobi nganggep naragina bènten ugi tumindhak saé saha jujur. Mugi saged kagungan sikap terbuka lan nyambut naragina sanèsipuna.
Sampun kawratan aturan
Wikipedia mboten gadhah paugeran sanèsipun kejawi gangsal cagak ingkang dipunpratélaken ing ngriki.
Sampun ragu
nyunting, mindhahaken, lan ngéwahi artikel. Karemenan kanggé nyunting sayektinipun dados tujuan utami panjenengan wonten ing Wikipedia.
Panjenengan mboten prelu kuwatos menawi panyuntingan kedah sampurna
Sampun ajrih menawi panjenengan lepat lan malahan ngrisak isi Wikipedia. Saben vèrsi suntingan rumiyin tetep wonten, dados panjenengan mboten prelu samar menawi mboten sengaja ngrisak Wikipedia utawi mbusak isinipun artikel.
Sedaya saged dipunwangsulaken.
Nanging cobi dipunpènget menawi sedaya seratan ingkang panjenengan serat wonten mriki bakal kasimpen kanggé wekdal lami.
Cathetan
besut sumber
Kaca puniki ngamoti prinsip-prinsip dhasar wikipedia. Prinsip-prinsip dhasar puniki sedaya sampun wonten sadèrèngipun kaca puniki sinerat.
Dijupuk saka "
Kategori
Kawicaksanan Wikipedia
Wikipédia
Pancapilar
Tambah rembug