Wikipédia:Sugeng rawuh - Wikipédia
Menyang kontèn
Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wikipedia
punika
bauwarna
mardika ingkang dipunserat kanthi gotong-royong déning para sutresna ingkang sampun kersa paring kawigatosan. Situs punika winastani
wiki
, ingkang suraosipun: sinten kémawon,
panjenengan
ugi, saged ngewahi saha mbesut (
edit
) saben artikel ingkang cumaos. Caranipun gampil saèstu, namung nge-klik pranala
besut
(ngroncé) ingkang wonten ing pérangan nginggil saben artikel Wikipédia.
Gegambaran Wikipedia
Kaca Wikipédia nyaosaken kathah artikel ngenani punapa kémawon. Supados saged mirsani artikel kasebat, mlebet kémawon dhumateng
Wikipédia:Pendhapa
, lajeng padosi babagan utawi artikel ingkang kabetahaken, lajeng milai kémawon anggènipun njelajah. Ugi, wonten kothak kanggé madosi perkawis ingkang wonten sesambunganipun ing pérangan pinggir saben kaca.
Menawi panjenengan manggihi perkawis ingkang mérak manah tur ngremenaken, mangga kersaha nilaraken seratan wonten kaca
parembugan
. Caranipun, sepisan klik pranala
parembugan
(wonten ing pérangan nginggil kaca) kanggé mlebet kaca parembugan, lajeng klik
ing kaca parembugan (wonten ing pérangan nginggil kaca, sisih tengen pranala
besut
). Kita bingah menawi pikantuk tanggapan ingkang positif.
Ngreroncé (ngédit/mbesut)
Sinten kémawon kénging ngéwahi utawi nggantos sedaya kaca ing
Wikipédia
(kelebet kaca punika!). Nge-klik
besut
ing pérangan nginggil kaca punika menawi panjenengan rumaos perlu dipun-leresaken. Panjenengan mboten kedah nggadhahi keprigelan (
keahlian
) khusus; Panjenengan ugi mboten kedah
supados saged ngéwahi kaca (nanging langkung prayogi menawi
rumiyin).
Cara ingkang paling gampil kanggé miwiti nggih milai kémawon ngginakaken Wikipédia kados menawi panjenengan ngginakaken bauwarna sanèsipun, nanging menawi penjenengan nemahi masalah
salah serat utawi artikel ingkang mboten patos cetha
klik kemawon "besut" lajeng leresaken bab kasebat.
Wikipédia: Panjenengan kedah wantun
ngreroncé kaca
. Menawi panjenengan rumaos perlu ngleresaken isi kaca, mangga dipun laksanakaken! Sampun ngantos ajrih menawi lepat (lha wong mèh kabèh sing nyumbang artikel Wikipédia ya naté gawé salah nalika wiwitan mèlu partisipasi nèng Wikipédia). Saumpaminipun panjenengan sampun kebacut damel klintu, taksih saged dipun-leresaken bènten wekdal, déning panjenengan piyambak utawi réncang sanèsipun. Mbok menawi panjenengan ngraos bab punika radi agor-agori! Mangga dipun-pirsani kémawon
jawaban atas kritikan terhadap Wikipédia
supados saged mudheng kados pundi larah-larahipun cara ingkang kados mekaten pranyata saged mrantasi damel.
Wikipédia sapunika sampun nggadhahi artikel ingkang cacahipun sauntawis kathah (kinten-kinten
75.161
artikel lan
71.603
naragina), nanging Wikipédia teras kémawon ngrembakaken cacahing artikel kasebat, sedaya dipun-serat para priyantun kados kita punika. Panjenengan saged ugi mirsani
miwiti artikel énggal
utawi ngleresaken artikel-artikel ingkang sampun sumadya.
Kita nggadhahi kathah
kebijakan lan pitedah
ingkang langkung saé menawi dipun-pirsani rumiyin, kadosta
sudut pandang netral
(NPOV)
ingkang tegesipun artikel-artikel ingkang dipun serat kedah nétral lan mboten ngandhut prasangka, lan kedah saged makili pirang sudut pandhang sing béda nanging tetep obyektif lan sopan. Kabèh sumbangan kanggo Wikipédia mau diterbitaké miturut Lisensi Dokumentasi Bebas GNU (GFDL). Lisensi GDFL dienggo kanggo mesthèkake yèn Wikipédia lan artikel-artikelé tetep bisa bebas digunakaké dening sapa waé (Delok
hak cipta
karebèn mangerti informasi luwih lanjut).
Mangga dipun-cobi!
Priksani ugi
Wikipedia:Pancapilar
Wikipedia:Tutorial
Dijupuk saka "
Kategori
Wikipedia
Wikipédia
Sugeng rawuh
Tambah rembug